FREE DOWNLOAD MP3 DAGELAN, LAWAK,LUDRUK
(Terima kasih anda telah mampir di blog ini. Jika sudah berhasil download file kami, mohon tinggalkan komentar untuk perbaikan selanjutnya)
Basiyo
- Basiyo Sakit Perut
- Wadining Ngasepi
- Pari Bengkong
- Aja Dumeh
- Bajul Buntung (Feat Junaidi, CS)

- Basiyo Gladen
- Basiyo Ke Jakarta (Feat Bagyo, CS)
- Besanan
- Dhadung Kepuntir
- Degan Wasiyat
- Daradasih
- Gadhon Guyon
- Gandrung Kepenthung
- Gandrung Kethoprak (Feat Kethoprak Mataram)
- Gara-gara Berlian

- Gatutkaca Gandrung
- Jaka Bodho
- Judheg
- Kapusan
- Keris Dadi Brahala (Bakul Lincak)
- Kibir Kejungkir
- Kodhok Munggah Kebo
- Nanggap Kroncong (Feat Ismanto)
- Maling Kontrang Kantring
- mBarang Wirang
- mBecak
- mBlantik Kecelik

- Menang Lotre
- Midang
- Ngedan
- Nglirwakake Dhawuh
- Nyokot Kebrakot
- Pak Dengkek
- Pangkur Jenggleng
- Popok Wewe
- Sam Pek Eng Tay
- Semar Mesem
- Sepatu Sandal

- Si Kojek Dilarikan Babu
- Tuwa Tuwas
- Uyon-uyon Guyon
- Wajik Klethik
- Bakul Gudheg
- Jatuh Cinta
- Tapa mBisu
Djoenaidi, CS
- Junaidi Gandrung
- Junaidi Juru Kunci
- Junaidi Dadi Janaka
- Junaidi Khotbah
- Junaidi Guru Ngaji
- Dalang memble
- Gara-gara (Punakawan)

- Ular-ular Temanten
- Isteri Darurat
- Guru Musik
- Dalang Internasional 1
- Dalang Internasional 2a
- Dalang Internasional 2b
- Dalang Internasional 3a
- Dalang Internasional 3b
- Junaidi Sunat a
- Junaidi Sunat b
Kirun CS
- Kirun Menjadi Dukun
- Kirun Mendapat Jodoh
- Hukum Karma
- Joko Kendil (Video)
- Tumpeng Gate (Video)
- Hukum Karma (Video)
- Dukun Calak (Video)
Cara Download file flv dari YouTube
Dagelan Banyumasan
- Curanmor (Zip)
- Peyang Penjol 1
- Peyang Penjol 2
- Peyang Penjol 3
- Peang Penjol, Awak Apes
- Peang Penjol, Guyon Dadi Lakon
- Peang Penjol, Iguh Pertikel
- Peang Penjol, Ciri Wanci
- Peang Penjol, Nunggal Karep
- Peang Penjol, Pinter Keblinger
- Pendeng Gepeng, nDara Seperak A
- Pendeng Gepeng, nDara Seperak B
Ludruk Kartolo
- Kartolo, Ambu
- Kartolo, Ayam Batu Rante
- Kartolo, Balung Badak
- Kartolo, Bansul Gurem
- Kartolo, Basman Poseng
- Kartolo, Besut 81
- Kartolo, Blontang Ngedukno Lemah
- Kartolo, Branjang Kabel
- Kartolo, Dadung Kepuntir
- Kartolo, Dalang Gersang
- Kartolo, Juragan Roti Sepet
- Kartolo, Kartolo Nyetrip
- Kartolo, Kebo Kumpul Kancane
- Kartolo, Kidung Jenaka
- Kartolo, Kriwikan Dadi Grojogan
- Kartolo, Kucing Gering
- Kartolo, Makelar Losmen
- Kartolo, Manten Puret
- Kartolo, Marlena Bludrek
- Kartolo, Marlena Juragan Jambu
- Kartolo, Marlena Ketemu Jodoh
- Kartolo, Patih Kabur Kanginen
- Kartolo, Pemburu Cipret
- Kartolo, Ratune Iwak
- Kartolo, Sepor India
- Kartolo, Sopir Lori
- Kartolo, Tenguk-tenguk Nemu Getuk
- Kartolo, Tumpeng Maut
Ranto Edy Gudel
Guyon Maton (Lesmana Wuyung)
- Guyon Maton, Petruk Godril (Surono – Darsi)
- Guyon Maton, Nawangwulan (Waldjinah)
- Guyon Maton, Lesmana Godril (Surono – Darsi)
- Guyon Maton, Petruk Dadi Dalang (Surono – Darsi)

Waduh Mbak, koleksiku saya lengkap iki wonten dagelanane barang, jaan nyampleng tenan. hebat Mbak Galuh. Ning sing ngungak kene kok rada jarang nggih mbak. Mas Edi Barang mung neg wayang wae.
Oleh: imam b on 8 Juni 2009
at 05:35
mboten dados punapa kamas, wong namanya juga mampir.
Saya mung sak derma neruske, mangga, ta menawi ngersakaken.
Saya sedang berusaha nyari warisane pak basiyo yang lainnya…………….
Oleh: galuh on 9 Juni 2009
at 02:15
Mas Imam….kulo nggih asring mampir koq……nah…sakmeniko sampun cicip-cicip dagelan basiyo lan ketoprake mbak Galuh,,,,,,,Bravo buat mbak Galuh…..
Oleh: Edy L on 10 Juni 2009
at 00:43
bravo dengan catatan………
kalau ripping audione jelek mohon di dandani terus diupload lagi……… koyo biasane itu lho………….
dan itu harus oleh EDY L AUDIO RIPPING Ltd…
Oleh: galuh on 10 Juni 2009
at 00:48
nuwun…………
kula ingkang sowan mbak galuh.
supados tambah ngrembaka budayane mugi di tambah pasugatane.adate tamu nek suguhane jangkep lak bola-bali teka.
kagem mas imam salam kenal…
Oleh: king on 9 Juni 2009
at 23:32
suguhan?
Jangan khawatir……….. tak blanja dulu, nanti pasti tak suguh.
Cuma, tamu yang baik mestinya bawa oleh-oleh juga, ta???????
Matur nuwun sampun kersa pinarak…
Oleh: galuh on 10 Juni 2009
at 00:45
Mboten menopo mbak kulo editke….ikhlas…..yang penting nanti etungane mburi,,,,,,nggih….
Oleh: Edy L on 10 Juni 2009
at 01:06
mampir ahhhh……………….
Oleh: nunick on 9 Juni 2009
at 23:48
Mas Imam lan mas King, dagelan Basiyo Kibir Kejungkir niko….duet kaliyan mbah Narto lhe…..rumiyin kulo sering mirengke wonten radio….
Dipun cobi mawon
Oleh: Edy L on 10 Juni 2009
at 00:45
Inggih Mas Edy Sebagian besar kula sampun gadah koleksinipun wonten griyo. saya mantep wae lah. bener ngendikane Mbak Galuh Ya ngendikane Mbah Narto yen wong medayoh teka nggowo oleh-oleh mangke yen arep mulih ninggali. yen mertamu disuguh mulih disangoni.
Oleh: IMAM on 11 Juni 2009
at 13:34
Mas King salam kenal ugi, Linggih di manten (sori basa sunda). maksud kula lenggahe wonten pundi mas King, tapi ojo ditambah kong lo ya, ngapunten heureu (sunda) guyonan (jawa). supados sederek2 menawi dolan2 bisa mampir. ngapunten nggih basa kula sampun campur2, basa jawa saged basa sunda oge tiasa.
Oleh: IMAM on 11 Juni 2009
at 13:45
haturnuhuun katampi pisan.linggihna di tulungagung.
sembahnuwun mas imam.
kula saking tulungagung.bilih rawuh dateng jawi wetan kula aturi mampir dateng gubuk ipun _sinarking_
Oleh: king on 11 Juni 2009
at 17:11
aku hora mudeng…………..
Oleh: galuh on 11 Juni 2009
at 23:03
Mas King, kulo gadah kakak Kandung di Tulungagung ngasto wonten bag. catatat sipil Pemda Tulungagung….nami Tri Waluyo…..
kangmas kulo niki nggih penggemar berat mbah Narto lhe….
Benjang kapan2 kulo menawi kulo ke Tulungagung kulo mampir mas King…
Salam kenal
Edy L
Oleh: Edy L on 11 Juni 2009
at 23:54
Mbak Galuh ingkang dagelan “Basiyo ke Jakarta” kok kacau to, dibolan-baleni rekamane. ah ben mas Edy wae lah sing edit.
oh MAs King piyantun Tulungagung to, tapi lak sampun mboten banjir-banjiran to mas.
kula rumiyin kathah rerencangan bocah tulungagung tapi sampun dangu mboten kepanggih pun padha lali panginten. alamate ugi wis ilang. nggih mugi2 saget nyambung pasederek-an malih kaliyan piyantun tulungagung nggih mas. Rokok-e lak taksih Retjo Pentoeng to mas. Retjo Pentoeng di Cethe karo kopi, wah nikmat tambule sate bekicot. manteeeep
Oleh: IMAM on 12 Juni 2009
at 16:18
Rokoke Retjopenthung
weton soko tulungagung
Golek rokok ojo bingung
waton gedhene sak penthung……
Oleh: galuh on 14 Juni 2009
at 00:44
wonten sederek ingkang celak mas King saking Blitar, penggemare mbahe Narto ugi, Mas Gatotsuryono.
Oleh: IMAM on 12 Juni 2009
at 16:21
Jan, lengkuap tenan. Mbak Galuh, tx berat. Bravo budaya Jawa!!!!!
Oleh: Endless on 13 Juni 2009
at 04:07
mongo……mongo.
iba gembiraning manah kawula,menawi sedulurku kabeh tindak dateng tulungagung kersa mampir
’sudung’ kula.nanging sampun dadosaken kuciwaning penggalih awit sudung kula mapan wonten pegunungan.leresipun ds panggunguni.kec pucanglaban.tulungagung.kiranglangkung 40km sakidul wetanipun kota.
kagem mas gatot….salam kenal
Oleh: king on 13 Juni 2009
at 10:42
njenengan panggung uni inkang pundi /
tonggo lhooo
Oleh: ida on 22 Juli 2009
at 20:51
Mbak Galuh kulo ki Sabdono nderek tepungan mugi dados paseduluran , kulo dek riyin watoro th 70 an sok nonton junaedi rekaman teng semarang mung dadi tukang ngguyu karo keplok , keleresan studio rekaman celak koskosan kulo dadi KSO2 bareng mampir teng ndaleme mbak Galuh mriki marur suwun mbak
Oleh: ki sabdono on 13 Juni 2009
at 23:19
Matur nuwun, rawuhipun kamas.
Pangapunten anggen kula nyugata panjenengan mboten mranani.
Jane kula Wonten Guyon semarangan versi Ngesti Pandhawa. Kangen mboten? itu lho yang pimpinannya mas Jarot Narto Sabdo. Ning kasete mpun ngak-nguk mboten cetha…….
Oleh: galuh on 14 Juni 2009
at 00:42
KI Sabdono, saking naminipun mboten tebih2, kirang langkung siswa murid saking Mbah Kakung Ki Nartosabdo, leres punapa mboten? nderek pitepangan Ki, matur nuwun Ki Sabdono kersa jejagongan wonten dalemipun mbak Galuh,
Ki kelerasan menawi Ki Sabdono piyantun Semarang, mbokmenawi pirso alamatipun studio rekaman Singo Barong.
Oleh: IMAM on 14 Juni 2009
at 01:21
Matur nuwun mbak Galuh, dagelan Djunaedi ingkang sanesipun punapa panjenengan taksih kagungan?
Oleh: Taufik Hendrasno on 14 Juni 2009
at 09:09
Kagem Mas Taufik.
Wonten kamas, sudah saya upload, silahkan pinarak di Halaman Dhagelan. termasuk pak Basiyo saya upload pula 3 judul.
Oleh: galuh on 14 Juni 2009
at 12:08
Sepindah malih matur nuwun mbak, wah..awan-awan ngrungokake dagelane Mbah Basiyo wis jan nyamleng tenan.nderek tepang mbak Galuh asli pundi, menawi kulo asli Boyolali sak puniko nggubug wonten Malang. Putro kalih jaler kaliyan istri, kaleresan putro kulo ingkang istri naminipun inggih Galuh, mboten melu-melu lho….
Oleh: Taufik Hendrasno on 16 Juni 2009
at 01:09
Nggih, mas……..
kadang kita butuh juga nostalgia………
Oleh: galuh on 18 Juni 2009
at 08:58
Sami. Galuh itu nama anak perempuan saya. Tapi di blog ini saya sudah kebacut dipanggil mbak, biar terus saja begitu……….. lebih nyaman!
Saya di Sragen, tapi 6 tahun saya pernah menghirup udara Boyolali. Simbok asli Brajan, Mojosongo, Bapak (alm) asli Sragen.
Sugeng tetepangan ugi kagem panjenengan dan keluarga.
Matur nuwun………
Oleh: galuh on 16 Juni 2009
at 02:23
Kulo nggih asli Boyolali lho..tepatipun Desa Kuwiran,Banyudono..sak puniko ngenger wonten Malang pados upo mas..Semah kulo saking Makamhaji..sugeng tetepangan…
Oleh: Taufik Hendrasno on 18 Juni 2009
at 02:16
Sugeng pitepangan ugi kagem penjenengan sak keluawarga.
Mbenjang menawi pas mudhik dhateng kuwiran ngenika. kula tak mampir menawi sowan simbah dhateng Brajan, Mojosongo!!
Oleh: galuh on 18 Juni 2009
at 09:00
Kagem mas Imam salam tepang kembali tapi nek diarani siswane mbah To …keduwuren mas engko disengeni mas joko edan pancene putrane mbah To iku mas Jarot ugo mburine nganggo sabdono nuwun sewu yo mas jarot !! pancen sak donyo sing jeneng sabdono kayane mung loro mas Jarot karo aku lha menawi studio singo barong kulo mboten mangertos cobi mangke tak takon rencang2 mbok menawi ono sing ruh.
Kagem mbak Galuh matur sembah nuwun koleksi makin komplit aku dadi kelingan jaman tahun pitung puluhan ngrungokne rri malem minggu wayangan sewengi natas opo maneh dagelan mBah Basiyo ugo komplit sekali lagi matur nuwun mbak Galuh
mas King daleme cedhak Besole yo?
Oleh: ki sabdono on 16 Juni 2009
at 13:35
kagem ki sabdono ngaturaken salam tetepangan.
menawi besole menika sak kidulipun kota.jalur tulungagung-popoh.menawi kula kidul wetan kota.jalur ngunut-pucanglaban.
sajakipun wonten dalemipun mbak galuh menika kula tamu ingkang paling ‘yunior’.
katitik seniorku rikala thn ‘70′ sampun tepang mbah narto.menawi kula thn semanten derng dipun ‘cetak’.
dados kula trimah tut wuri kemawon.
Oleh: king on 18 Juni 2009
at 00:25
matur nuwun mas admin sampun upload mp3 dagelan, coz ning Singkawang-KalBar ora ono sing dodolan mp3 koyo ngene. mung unduhane rodho suwe……. !!!
Oleh: yatharto on 25 Juni 2009
at 04:26
Untuk Mas Yatharto. Disinipun juga tidak ada dagelan dalam format MP3. File ini saya peroleh dari berbagai sumber dan hasil convert sendiri. Masalah ngundhuhnya lama, mohon maklum. Soalnya kalau saya burn ke cd terus saya kirim ke anda, ntar dikira pembajakan. he….he…
Oleh: galuh on 25 Juni 2009
at 05:52
Ya sih, tapi khan sudah sharing informasinya juga sudah suangat berterimakasih bangeeeet. Ne’ iso informasikan juga tempat uduhan yang lain selain zshared.com yang isinya mp3, mwa, atau file audio nya ndagelan Jowo. Harap dimaklumi kulo mung Jowo kelahiran pedalaman Kalimantan, boso Jowone mung sedikit-sedikit iso itupun cuma Ngoko to’.
Oleh: yatharto on 26 Juni 2009
at 01:38
Salam kenal mas, saya ucapkan terima kasih atas unduhan dagelan dan ludruknya.
Oleh: Ahmad.dimyati on 12 Juli 2009
at 14:36
Mas Ahmad. Matur nuwun perkenalannnya. Salam saya untuk seluruh keluarga.
Mangga dipersilahkan kalau ngerskke download dagelan and ludruk. Mohon maaf jika kualitas audionya tidak memuaskan
Oleh: galuh on 12 Juli 2009
at 14:48
matyr nuwun basiyoonipun damel njangkepi koleksi kulo
Oleh: dwi.harjanto on 13 Juli 2009
at 12:12
salam kenal kulo pengemar dagelan saking malang koleksine jan langka2 saestu………mugi2 tambah lengkap
Oleh: dwi.harjanto on 13 Juli 2009
at 12:14
Salam kenal kembali untuk Mas Dwi Harjanto.
Matur nuwun sudah kersa mampir. Insya Allah, sambil jalan akan saya tambah sebatas kemampuan.
Pangapunten jika kualitas suaranya kurang bagus>
Oleh: galuh on 13 Juli 2009
at 12:30
matur nuwun ramanipun mbak galuh dagelan sampun dalem unduh sedoyo..delem taksih nenggo koleksi sanesipun…
Oleh: Taufik Hendrasno on 14 Juli 2009
at 02:17
Dimas Guntur, tembakannya BdM mantap.
Itu sub judul halaman sudah benar seperti pada lawak jadul
Oleh: sukolaras on 16 Juli 2009
at 18:57
Mbak Galuh, untuk dagelan lakon DALANG INTERNASIONAL vol 3b. pelawak junaedinya koq kosong? apa memang belum diunggah?
suwun.
Oleh: PRIHANTO SUSIAWAN on 24 Juli 2009
at 06:42
Mas Prihanto Susiawan, matur nuwun sampun pinarak
Begini, jane kaset itu ada tapi swarane nguk…nguk….ngukkk… gak cetha babar blas. Saya coba dandani belum berhasil. Tunggu saja moga-moga berhasil
Oleh: galuh on 24 Juli 2009
at 09:56
suwun sanget kagem mbak galuh bilih saget ndandosi dalang internasional junaedi vol 3b.
video pentas dalang ki narto sabdo nopo kagungan?
suwun.
Oleh: PRIHANTO SUSIAWAN on 25 Juli 2009
at 15:32
Mas Prihanto.
Untuk Junaedi Dalang Internasional 3, akan saya coba.
Untuk Video Nartoabdo, nyuwun ngapunten belum bisa. Tapi kanca-kanca yang psudah rawuh di blog ini juga sedang berusaha mencari.
Kalau dapat pasti di upload, pasti!
Oleh: galuh on 26 Juli 2009
at 00:26
ndagel tenan.
Oleh: HARWI HARAPAN PERTIWI on 28 Juli 2009
at 02:09
Kulo nuwun mba, galuhhh….
waduhh…..waduh…koleksinya heubattt…
Merasa berdosa saya kalo nggk comment coz.. kula ngunduhh…. koleksi panjenengan buanyakkk… sekali tapi tidakk untuk saya jual…..
saya siarkan melalui stasiun radio komunitas kulo…..idep idep kangge nguri – uri kabudayan jawi….
sedikit koreksi mbaa…. itu dagelannya ada beberapa yang nggk tutuk ceritanya yaaaa…..
Matur nuwun sangetttt l
Antok Solo
Oleh: Antok Solo on 30 Juli 2009
at 10:35
Mas Antok.
Pangapunten sebagian adalah hasil saya berburu di Klitikan Notoharjo (Pirsa Silir ta????) Nah, karena Kaset bekas (bekas kaset) ada yang mbundhet……….. he…he…he….
Oleh: galuh on 30 Juli 2009
at 10:47
walahhhh mba galuh ini piyantun pundi to…kok pirso and berburu nya di pasar notoharjo ( klitikan..)
Oleh: Antok Solo on 30 Juli 2009
at 13:40
kalo pas ke notoharjo lagi katuran mampir lho mba…..kulo di kadipiro banjarsari solo ….he…he…..he…..
Oleh: Antok Solo on 30 Juli 2009
at 13:44
Mas Anto, rumah saya Sragen.
Nggih matur nuwun, menawi wonten wekdal mangke kula sowan banjarasri
Oleh: galuh on 4 Agustus 2009
at 00:31
Mas Anto, rumah saya Sragen.
Nggih matur nuwun, menawi wonten wekdal mangke kula sowan banjarsari.
Oleh: galuh on 4 Agustus 2009
at 00:30
@Nak Mas Imam & Edy L.
Njih kulo tak tumut ngungak wonten mriki, nak malah tambah sedulur tho. Nak njih pikantuk tho? ( mbak opo nak, jeng rodo angel aku olehe nyebut).
Oleh: Widjanarko on 6 Agustus 2009
at 05:27
@. Nak mas Galuh :
Panjenengan kagungan dagelan mataram ingkang wonten pak Togen alm. mboten?. Wah meniko sak kaliber kalian Pak Basio lho.
Oleh: Widjanarko on 15 Agustus 2009
at 08:52
Pak Togen?
Pangapunten kamas, sejauh ini saya belum menemukan bahkan mireng juga baru jaki ini. Tapi matur nuwun, informasi ini nambah referensi saya dalam berburu dagelan jadul
Oleh: galuh on 17 Agustus 2009
at 09:30
Maturnuwun sanget mbak Galuh, koleksi dagelan Mbah Basiyo kawula sansaya lengkap ! Mugi mugi panjenengan tansah pinaringan Kasarasan lan Yuswo Panjang, supados saged ngupload dagelan mataram ingkang kathah. (he.he…, pangapunten kawulo namung saged download, dereng saged mbales dhateng panjenengan, Gusti Allah ingkang mbales)
Oleh: Key on 17 Agustus 2009
at 07:53
Mas Key
Sami-sami saha matur nuwun doanipun, Amin.
Memang blog ini dibangun buat diunduh, kok. Silahkan kalau memang ada judul yang cocok.
Oleh: galuh on 17 Agustus 2009
at 09:34
matur suwun nggih mbak galuh, kulo pun dangu pados dagelan junaidi engkang format mp3 nembe meniko angsal, kulo tenggo nggih mbak koleksi junaidi sanesipun.. matur nuwun..
Oleh: sandy on 20 Agustus 2009
at 22:24
Mas Sandy
Makasih sudah berkenan mampir di blog ini.
Sebisa mungkin saya akan usahan untuk nambah koleksi. Bukan hanya junaidi tapi juga untuk yang lain.
Oleh: galuh on 21 Agustus 2009
at 13:59
Sepindahan kulo matur nuwun sanget saget ngunduh dagelan, senadyan wonten ingkang sampun dugi 4shared nanging mboten wonten KOTAK CLIK, nanging mboten dados menopo, amargi 50% saget kulo download.
Saklajengipun, kulo gadah Dagelan RUSPENTIL hasil karya kulo nyoting wonten BOJO. hambokbilih purun saget kulo kintun wonten pundhi.
Nepangaken kulo Sutarno ( Kerja Sambilan sebagai : Professional Shooting saking kito KENDAL ). Selebihnya sebagai programer / Teknisi Komputer wonten PT.KLI Kaliwungu-Kendal.
Nuwun-nuwun Maturnuwun.
Oleh: Sutarno on 21 Agustus 2009
at 03:32
Mas Sutarno
Wah…… jan. Koleksi panjenengan betul-betul hebat.
Menawi kepareng mbok dipun upload kemawon kangge njangkepi kekirangan ing blog punika.
Saking keparengipun, kula aturaken panuwun.
Oleh: galuh on 21 Agustus 2009
at 14:21
Top Markotop……….. Sudah lama saya menunggu dan menanti lalu mencari-cari di mana ‘khan kudapati album Dagenal Ketoprak Mataram Djunaedi Cs. Akhirnya, saya mendapatkannya spesial dari situs Anda. Matur Thank You. Lestarikan terus warisan seni budaya khusunya ketoprak. Salut beribu-ribu salut. Kini hidup saya serasa Dream Comes True. “Well Done pokok’e buat APDN Semarang Dalam Kenangan”. Matur sembah nuwun
Oleh: Fauzi Kamelia on 25 Agustus 2009
at 17:52
Mas Fauzi
Matur nuwun seduah berkenan mampir di blog ini.
Jangan kapok lho………..
Oleh: galuh on 26 Agustus 2009
at 00:17
Kula kathah ingkang mboten mudheng babagan kados ngeten niki, ananging kula remen sanget ningali punapa mirengaken pasugatan-pasugatan basa jawi…
Wah…wah, pancen niki migunani…matur suwun sanget nggih…
Oleh: Ririn Safitri on 8 September 2009
at 04:12
Mbak Ririn Safitri.
Lha mangga ta menawi badhe sinau basa jawi. Prayogi langkung rumiyin asring midhangetaken kesenian ingkang mawi basa jawi. Nanging comment panjenengan nedahaken bilih panjenengan kalebet ewoning priyantun ingkang tansah nggegulang basa jawi.
Oleh: galuh on 10 September 2009
at 14:31
maturnuwun, kula rumaos manggihaken klangenan kula wiwit alit, inggih ketoprak, ringgit dagelan. langkung langkung ketoprak mataram Sapta mandala lan RRI jogja. Dagelan basiyo sarta junaidi. maturnuwun sanget senajan kula dereng kasil download namung sampun ayem wonten jujugan manggihaken klangenan. benjing ingkang dereng kula panggihaken ringgit tiyang sriwedari utawi RRI Sala. Maturnuwun mbak Galuh.
Oleh: seno on 10 September 2009
at 10:56
nuwun sewu wonten ingkang supe, ringgit wacucal Ki Narto Sabdo dereng kula sebat. punika ugi kalebet klangenan, sak boten – botenipun kula gadhah MP3 Mayangkara, Karno tandhing sarta Dasamuka lair. lan sawatawis ingkang wujud kaset. Nuwun.
Oleh: seno on 10 September 2009
at 11:05
Mas Seno
Matur nuwun sampun kersa pinarak di blog sederhana ini.
File ingkang wonten badhe kula jangekpi saking sekedhik, kalebat ringgit tiyang RRI Surakarta. Dene ngengingi Ki Narto sabdo, mangga ta gabung dhateng link http://nartosabdho.co.cc/
Ing mriku kathah pandhemen Mbah Narto. Lha menawi wonten keparengipun MP3 mayangkara lan kaset sanesipun ingkang ing mriki dereng wonten mbok dipun sharing dhateng kanca-kanca.
Kula tengga kabaripun………….
Oleh: galuh on 10 September 2009
at 14:51
katur mas Guntur kulo sakgotrah hangaturaken sugeng Riyadin mbok bilih katah kalepatan , regol deso mugiyo den apuranto ugi kagem sederek 2 sadoyo kang tansah nyengkuyung blog ipun mbak galuh kulo ugi hangaturaken sugeng lebaran sedoyo kalepatan sageto ran ingapuran , daleme mbak galuh tambah regeng tambah mantep tambah rame tambah segalanya nuwun ……………….( ki sabdono )
Oleh: ki sabdono on 19 September 2009
at 04:52
Mas Sabdono
Atur ingkang sami konjuk dhumateng panjenengan. Mugi mugi selajengipun blog punika saget atur pisungsung ingkang langkung “miraos”.
Wilujeng Idul Fitri, Minal aidin wal Faidzin.
Oleh: galuh on 19 September 2009
at 10:40
soyo lengkap mawon……jiann jos…. matur nuwun .saya doakan bakal nambah dagelan lain yang lebih langka
Oleh: dwi.harjanto on 14 Oktober 2009
at 06:13
Mas Dwi Harjanto.
Makasih supportnya……. Semoga pada kesempatan beburu kaset bekas bisa menemukan lawak2 jadul lainnnya.
Oleh: galuh on 14 Oktober 2009
at 11:24
mantep tenan…….
mbak ada ga lawak yang topan lesus???
iku juga bagus mbak….
Oleh: paimin-ndeso on 14 Oktober 2009
at 14:18
Mas Paimin-ndeso
Cobi mas, akan saya upayakan untuk cari Topan-Leysus. Mugi-mugi……..
Oleh: galuh on 15 Oktober 2009
at 01:03
matur nuwun sangat nyuwun wayang dalang ki hadi sugito yang videonya
Oleh: Andreas on 15 Oktober 2009
at 13:53
matur nuwun mas! kulo saged ngunduh Peang penjol he he he ngge modal dagelan teng pagelaran kulo ben gayeng ! nuwun!
Oleh: Tejo Sutrisno on 16 Oktober 2009
at 13:13
Mangga!!! Suka dagelan banymasan juga, ya?
Oleh: galuh on 17 Oktober 2009
at 07:06
nek wonten mbok lakon wayangipun mas Joko Hadiwjaya di upload menapa lakon ampak2 ngalengka nipun Ki matheb sudarsono! wah siip tenan niku! kulo le nggolei mboten nemu teng Cilacap mriki! nuwun!
Oleh: Tejo Sutrisno on 16 Oktober 2009
at 13:16
Sementara dereng, mas. Cobi mangke kula padosaken…….
Oleh: galuh on 17 Oktober 2009
at 07:07
But anyway thank’s a lot’s. Semarang I miss u Full!
Oleh: Tejo Sutrisno on 16 Oktober 2009
at 13:17
sam-sami, mas
Oleh: galuh on 17 Oktober 2009
at 07:07
kulo nuwun, nderek tepang ! nuwun sewu bade tangklet sekedik, panjenegan “galuh” niku estri nopo kakung ? kulo kok radi bingung, wong gambare sok2 estri tp kok background foto ne kakung…Mbok nek menawi saget lang sempat koleksine KIRUN CS ditambah. Sing penting formatipun MP3. gampil di downlood lan dimirengke nggih kepenak.matur suwun
Oleh: Taat Priyanto on 23 Oktober 2009
at 23:23
Mas Taat Priyanto
Atur uninga, nalika kula daftar wordpress ngangge naminipun anak kula. dados sepriki naminipun gendhuk ingkang kula angge. Wilujeng tetepangan ugi kagem panjenengan. Saking sejedhik desaya koleksi badhe kula jangkep[i. Matur nuwun sampun kersa pinarak sudhing kula.
Oleh: galuh on 25 Oktober 2009
at 20:16
Mbak Galuh,….Nderek tepang…
keparengo kulo nderek download ketoprak lampahan Sudiro Gugur.
Wah dangu sanget kulo pados lampahan meniko, kolowingi dipun ngendikani Mas Edy L
Matur nuwun…Salam
Oleh: Jost on 24 Oktober 2009
at 21:46
Mas Jost
Mangga menawi badhe download. Nanging nyuwun duka, bilih lampahanipun mboten jangkep amargi kula nggih namung ‘gresek”. Nanging mboko sekedhik badhe kula jangkepi. Mas Edy? Wah, matur nuwun diparingi tambah kenalan. Mgui2 mbten kapok mampir mriki. Salam kula kagem Mas Edy…
Oleh: galuh on 25 Oktober 2009
at 20:19
Katur mas Galuh,
salut kagem panjenengan ingkang sampun kersa upload karyanipun Pak Basiyo, mugi panjenenganipun swargi pak Basiyo remen kaliyan punapa ingkang mas Galuh sampun tindakaken. Salam kenal saking kawulo, Arsat
Oleh: arsat on 9 November 2009
at 22:00
Nambah wartos, mas
menawi saget file dipun compress kemawon supados cepet anggenipun ngunduh. maturnuwun
Oleh: arsat on 9 November 2009
at 22:04
Mas Arsat
Matur nuwun saran lan komentaripun. Akan saya coba untuk lebih baik…
Oleh: galuh on 10 November 2009
at 10:01
marwoto tolong di upload
Oleh: abuisa on 21 November 2009
at 08:24
abuisa
akan saya usahakan untuk mencari
Oleh: galuh on 21 November 2009
at 09:55
nek iso temenan tak kei jempol loro tambah jempol sikilku mbak galuh tapi yen iso seng mataraman
Oleh: abuisa on 21 November 2009
at 16:02
ya, saya coba dulu wong namanya juga cari kaset loakan…
Oleh: galuh on 24 November 2009
at 20:04
Kulo kangen kalian nak Imam(Garut) kok sampun dangu mboten mireng khabaripun njih?.
Oleh: widjanarko on 1 Desember 2009
at 10:30
Kamas Widj
Sami, kula nggih radi kapang. Mbok bilih wonten kesibukan. Cobi badhe kula email………..
Oleh: galuh on 3 Desember 2009
at 00:24
mas sampun wonten tambahan dagelan kirun cs? kok dangu dereng wonten engkang enggal.
Oleh: Taat Priyanto on 7 Desember 2009
at 20:55
mas taat
pangapunten, orang saya juga cuma gresek2 di loakan dan sumbangan kanca2 pengunjung. Apapun yang saya dapatkan pasti saya upload. Untuk kirun memeng belum update, soalnya belum dapat materinya. Maaf……
Oleh: galuh on 8 Desember 2009
at 06:26
Mas Owner,
Matur sembah nuwun udah disuguhi album album dagelan kenagan masa kecil kita yang hilang dari Edaran. semoga diberikan pahala oleh yang kuasa amin.
btw, kok Wayangnya susah di download ya? Ki Hadi Sugito mana nih??
Salam,
RH
Oleh: Purnomo on 11 Desember 2009
at 18:02
mas galuh, background blognya kok maleh, pangkling je. kadosipun sae engkang pertama.luwih jelas
Oleh: Taat Priyanto on 12 Desember 2009
at 23:08
mas taat
Matur nuwun sampun paring dawuh. Cuma ibarat orang jajan saya mau ngicip yang lain raketang sithiiiiik. Kirun bekum dapat tambahan kok, kang……….
matur nuwun taksih kemutan tindk mriki. Masalah background
Oleh: galuh on 13 Desember 2009
at 07:46
Mas Galuh, kula pikantuk link wayang ” KI HADI SUGITO ” mbokbilih migunani kegem sederek ingkang remen wayang …
Monggo mas, sekedar informasi …
Punika link-ipun : http://bornjavanese.blogspot.com/2008/03/available-to-download-from-born.html
Maturnuwun …
Oleh: hankgabekti on 11 Januari 2010
at 10:31
Matur nuwun sanget dumateng bopo Galuh dene kula sampun pinaringan margi saged ngunduh dagelan junaedi ingkang sampu dangu sanget kula padhosi
Oleh: Indunk on 17 Desember 2009
at 01:38
sami-sami, mas
Oleh: galuh on 17 Desember 2009
at 22:23
waduh kulo kok pedot terus niki pripun padhal kulo ngempet banget ngrunggoke junaidi…ben rodo cepet ngagem nopo alamate download..suwun”
Oleh: 0815 on 19 Desember 2009
at 20:58
Software download manajemen, yang saya tahu IDM (internet Download Manager) yang bisa disownload disini http://www.internetdownloadmanager.com/download.html, DAP (Download Accelerator Plus) dapat di download disini http://www.speedbit.com/
Dan masih banyak lagi, tapi pengalaman sya menggunakan salah satu dari 2 itu sudah cukup untung menangani perkara download
Oleh: galuh on 20 Desember 2009
at 15:48
mas pnya dagelannya blontang sndiri ? maksudnya jd lakon utamanya. klo di kartolo-kan kayaknya blontang jd tmbahan aja
Oleh: hendra on 11 Januari 2010
at 21:51
Mas hendra
Coba anda googling dulu, sementara saya juga akan mencari. Semoga berhasil…………
Oleh: galuh on 12 Januari 2010
at 13:42
Melu Nyicipi Dagelane mba galuh ahhhhh sinambi ngrokok karo ngopi Nasgitel…nYamleng tenan mba Galuh/Mas Guntur…suwun???
Oleh: John Pairun on 12 Januari 2010
at 16:00
salam kenal dhumateng sedaya.
Oleh: suwito on 20 Januari 2010
at 18:36
Salam kenal kembali. Selamat datang di lingkungan sutresna seni jawa
Oleh: galuh on 20 Januari 2010
at 22:38
Sms ora iso, tlp mboten diangkat susah tenan………
Oleh: widjanarko on 21 Januari 2010
at 09:35
Pangapunten lho dhe. Kula mboten ngertos yen wonten dhawuh saking panjenengan!
Oleh: galuh on 23 Januari 2010
at 13:19
Suwun mas, moga koleksinya bertambah banyak, sukses
Oleh: Umboro on 26 Januari 2010
at 03:41
Nggih. Sami-sami. Kita doakan saja ada pembaca yang bermurah hati nambahi file….
Oleh: galuh on 26 Januari 2010
at 17:24